ﺍﻟﻠّﻬُﻢَّ ﺻَﻞِّ ﻭَﺳَﻠِّﻢْ ﻋَﻠَﻰ ﺳَﻴِّﺪِﻧَﺎ ﻭَﻣَﻮْﻻَﻧَﺎ ﻣُﺤَﻤَّﺪٍ
ﻋَﺪَﺩَ ﻣَﺎ ﻓِﻲ ﻋِﻠْﻢِ ﺍﻟﻠﻪِ ﺻَﻼَﺓً ﺩَﺍﺋِﻤَﺔً ﺑِﺪَﻭَﺍﻡِ ﻣُﻠْﻚِ ﺍﻟﻠﻪِ
[Allohumma Sholli wa Sallim ‘alaa sayyidinaa wa
maulanaa Muhammadin] 2X
[‘Adada maa fii ‘ilmillahi Sholatan daaimatan
bidawaami mulkillaahi] 2X
[Padang bulan, padange koyo rino.
Rembulane sing ngawe-awe] 2X
Ngelengake, ojo turu sore.
[E… Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore]
2X
[Lamun wong tuwo, Lamun wong tuwo keliru
mimpine
Ngalamat bakal, Ngalamat bakal getun mburine]
2X
Wong tuwo loro, kundur ing ngarso pengeran
[Anak putune, rame rame rebutan warisan] 2X
[Wong tuwa loro, ing njero kubur anyandang
susah
Sebab mirsani, putera puterine ora ngibadah (dho
pecah belah)] 2X
Kang den arep-arep, yoiku turune rahmat
[Jebul kang teka – Jebul kang teka, nambahi
fitnah] 2X
[Iki dino, ojo lali lungo ngaji
Takon marang, Kyai Guru kang pinuji] 2X
Enggal siro, ora gampang kebujuk syetan
[Insya Alloh, kito menang lan kabegjan] 2X
[Jaman kepungkur, ono jaman jaman buntutan
Esuk-esuk, rame rame luru ramalan] 2X
Gambar kucing, dikira gambar macan
[Bengi diputer – bengi diputer, metu wong edan]
2X
[Kurang puas kurang puas, luru ramalan
Wong ora waras wong ora waras, dadi takonan]
2X
Kang ditakoni, ngguyu cekaka’an
[Jebul kang takon – jebul kang takon, wis
ketularan] 2x
ﺍﻟﻠّﻬُﻢَّ ﺻَﻞِّ ﻭَﺳَﻠِّﻢْ ﻋَﻠَﻰ ﺳَﻴِّﺪِﻧَﺎ ﻭَﻣَﻮْﻻَﻧَﺎ ﻣُﺤَﻤَّﺪٍ
ﻋَﺪَﺩَ ﻣَﺎ ﻓِﻲ ﻋِﻠْﻢِ ﺍﻟﻠﻪِ ﺻَﻼَﺓً ﺩَﺍﺋِﻤَﺔً ﺑِﺪَﻭَﺍﻡِ ﻣُﻠْﻚِ ﺍﻟﻠﻪِ
** SHOLLU ‘ALAN NABI MUHAMMAD ** sumber post by::HABIB SYECH